:

Musthikaning Kidung 4

Penganten kakung ngalembana penganten putri 1

Dhuh, memanisku, kowe iku sulistya,

sanyata endah warnamu iku!

Mripatmu katon lir manuk dara,

ana ing sangisoring kudhungmu.

Rambutmu pindha pepanthan wedhus

kang katon ngombak-ombak mudhun saka ing pagunungan Gilead.

2

Untumu kadi pepanthan wedhus gembel kang lagi bae kacukuran,

lan metu saka ing pangguyangan,

kang kabeh manak kembar

sarta ora ana kang ora duwe anak.

3

Lambemu lir pita jingga,

tutukmu endah.

Pilinganmu katon lir woh delima sinigar

ana ing sangisoring kudhungira.

4

Gulumu kadi menarane Sang Prabu Dawud,

kang binangun kanggo nyimpen gegaman,

tameng sewu cumanthel ana ing kono

sarta gadane para prawira kabeh.

5

Payudaramu pindha anak menjangan loro utawa anak kidang kembar

kang lagi nyenggut ana ing satengahing kembang bakung.

6

Sadurunge angin sore midid

lan ayang-ayang ngilang,

aku kepengin munggah menyang ing gunung mur

lan ing pagunungan menyan.

7

Kowe iku sulistya banget, dhuh memanisku,

awakmu ora kadunungan cacad.

8

Mara tumuruna mrene saka ing gunung Libanon, dhuh pengantenku,

mudhuna mrene saka ing gunung Libanon;

mudhuna saka ing pucake gunung Amana,

saka pucake gunung Senir lan gunung Hermon,

saka guwa-guwaning singa,

lan pagunungan panggonaning macan tutul!

9

Kowe gawe dheg-dhegane atiku, yayi, pengantenku,

kalawan sakedhepaning mripatmu

kowe gawe dheg-dheganing atiku

sarta kalawan kalung ing gulumu saoncen.

10

Pancen nyata nikmat tresnamu,

dhuh yayi, pengantenku.

Tresnamu iku nikmate ngluwihi anggur,

lan aruming lengamu ngluwihi sawarnaning anggi-anggi.

11

Madu murni tumetes saka ing lambemu, pengantenku,

madu lan susu ana ing sangisoring ilatmu,

lan gandaning sandhanganmu iku

pindha gandaning gunung Libanon.

12

Yayi, pengantenku, kowe iku pakebonan kang tinutup,

pakebonan kang tinutup

lan tuking banyu kang sinegel.

13

Trubusan-trubusanmu iku pakebonan wit delima,

kang enak wohe,

kembang pacar lan nared,

14

nared lan kunir, tebu lan manis jangan,

sarta sawernaning wit menyan,

mur lan gaharu,

apadene sarupaning anggi-anggi pilihan.

15

Dhuh, tuking banyu ing pakebonan,

sumbering banyu urip,

kang mili saka ing gunung Libanon!

Penganten sakaliyan padha sapa-sinapa 16

-- He angin lor, he angin kidul, tangia lan mrenea,

midida ing pakebonanku supaya gandane anggi-anggi ngambar!

Muga-muga kekasihku rawuha ing pakebonane

lan dhahar woh-wohan kang enak.

Link: